-

SELAMAT DAN SUKSES SAUDARA RUDY BESERTA CREW NYA ATAS REUNI ANGKATAN,90 02 OKT 2011

Translate

English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified
by : Bja-Wijaya

Minggu, 28 November 2010

2



Metu tol, pas sampek Porong moro-moro Kosim njaluk mandheg.
“Tretan, mandheg disek, yo,” jarene.
“Lapo, kebelet nguyuh ta?” takok Soni.
“Ndak, aku pengen ndelok Lumpur Lapindo. Mumpung liwat, mandheg diluk yo,” jaluk Kosim.
“Jancuk…Ndeso iki… gak usah, gak usah! Engkok kene ketinggalan ambek liane. Pas moleh ae Sim, ojok saiki!” jare Boy.
Kosim meneng ae. Cangkeme mecucu, sampek isok dikuncrit.
“Nggondhok koyok kodhok…,” gudho Boy.
“Nesu koyok asu…” tambah Soni.
“Purik koyok kirik…” saut Angga
“Ha…ha…ha…” arek-arek ngguyu kekel. Kosim mesam mesem thok koyok asu.

Mobil mlayu terus ngetutno rombongan sing nang ngarep. Sampek teko Batu, Soni kumat gatele.
“Eh, rek…gak nggolek arek wedhok ta? Nang kene aku eruh nggone cewek-cewek bokingan,” jare Soni.
“Cuk, emoh, aneh-aneh ae iki!” tolak Boy.
“Walah…murah kok, seket ewuan. Satus ewu paling gelem digawe wong papat. Engkok taknyangno,” jelas Soni.
“Cuk, cangkemmu bosok ancene, Son! Males aku…, nek ate mbalon, mbalono dewe, ojok jak-jak!” sentak Boy.
“Iyo, Soni iki…Engkok nggarai mobilku apes ae, ojok…ojok!” jare Angga.
“Nang Coban Rondo lo adhem, cak! Rugi gak onok sing dikeloni, rek!” Soni sik mekso.
“Mangkane jenengmu Soni, koyok merek sempak, lha wong pikiranmu nang sempak thok ae! Pokoke nek gak, yo gak! Nek koen sik pingin kelon yo iku kelonono Kosim ae!” sentak Boy.
Soni meneng ae karo mrengut. Atine mbedhodhog disentak Boy koyok ngono. “Koen lo sopo nyentak-nyentak aku koyok ngono,” batine de’e.
Suasana dadi rodok gak enak. Rodok panas. Kabeh meneng gak onok sing guyon…
“Nggondhok koyok kodhok…,” moro-moro Kosim muni.
Boy ngelirik Angga. Angga yo ngelirik Boy ambek ngempet ngguyu.
“Nesu koyok asu…,” tambah Kosim koyok gak duwe duso.
Boy ambek Angga wis gak kuat ngempet ngguyune.
“Purik koyok kirik…!” jare Boy ambek Angga barengan.
“Ha…ha…ha…!”
“Jancuk…asu…koen nyemoni aku yo…” Sony ngantemi lengene Kosim karo ngguyu kekel.
“Aduh…aduh…ampun, Son, ampun…guyon…” Kosim nggoceki tangane sing kelaran diantemi Soni.
“Ha…ha…ha…!”


                                                                         >Next<
Share free counters