Kabeh mahasiswa anyar mlebu nang kemahe dewe-dewe sing wis dibagi karo senior.
“Son, tasku endi, kok gak onok? Koen lali njupuk tekok trek yo?” takok Angga.
“Gak, Ngga, wis takjupuk kabeh, kok…Tasku, tasmu, tase Boy, tase Kosim, kabeh wis taklebokno mobilmu,” jare Soni.
“Kon keliru njupuk be’e, Son. Iki lo tase onok jenenge Anya, duduk Angga. Wah, soro kon iki, Son!” Angga ketok jengkel.
“Waduh, iyo, Ngga, sepurane yo…Soale kabeh tase kan seragam, ambekan mau kesusu-susu, aku gak nguwasi nek jenenge kliru.”
“Dibalekno nang kemahe senior ae, Ngga, sopo ngerti tasmu kijolan karo Anya. Ayo takterno,” jare Boy.
Moro-moro tekok speaker krungu sworo banter.
“Perhatian…perhatian…kepada semua maba diharap segera berkumpul di lapangan, acara api unggun dan makan malam akan segera dimulai!”
Arek-arek langsung ngumpul kabeh nang lapangan gawe ngrungokno instruksi tekok senior. Nang lapangan peteng ndhedhet, cumak onok api unggun sing dadi penerangane. Howone uadhem pisan, sampek akeh sing kathuken.
Moro-moro onok arek maba wedhok loro maju nang mejone senior, nggowo tas karo bisik-bisik. Ketokane arek wedhok sijine iku Prita. Gak eruh sitoke.
“Perhatian…kepada maba yang bernama Angga diharap maju ke depan. Tas kamu ketuker sama tas maba lain.”
“Ngga, cepetan jupuke tase areke,” jare Boy.
“Iya, sebentar Mas, saya ambil tasnya dulu,” jare Angga ambek mlayu nang kemah njupuk tas. Mari ngono de’e maju ngekekno tase nang senior.
“Itu bener tasmu? Namamu Anya?” takok seniore.
“Iya, mas…Itu tas saya,” jare Anya karo mrengut.
“Oalah, rek…rek…, wong ada tulisannya besar ANYA, kok ya masih keliru,” jare senior iku maneh.
“Ha…ha…ha…” wong sak lapangan ngguyu kekel kabeh. Anya raine abang kabeh ngempet isin.
“Lho, ayo kembalikan tasnya Anya, kok malah kamu pegangi terus!” jare senior.
Angga ngekekno tase Anya. Tapi durung ditampani Anya tase tibo.”Waduh,”jare Angga. Isine tas iku langsung metu kabeh. Onok suri, wedhak, jepit rambut…Anya karo mangkel ndhodhok njupuki barang-barange.
“Sini, takbantu,” jare Angga karo ndhodhok.
“Gak usah!” tolak Anya.
Tapi Angga tetep mekso ngewangi nglebokno barang-barange nang tase Anya. Moro-moro tangane nyekel barang putih, empuk koyok kapas. “Opo iki?” batine…”Hi…softex!” bengok Angga karo nguncalno barang iku.
“Lho, softexe ngglundhung!” bengok Boy.
Arek-arek sak lapangan tambah ngguyu kemekelen. Anya sing kisinan langsung mlayu nggowo tase nang kemah. Prita nulungi njupuki barang-barang sisane ambek mleroki Angga.
“Mbak…roti kempite keri lo…!” jare arek-arek.
“Ha…ha…ha…” suasane tambah dadi rame karo guyune arek-arek.
>Next<