-

SELAMAT DAN SUKSES SAUDARA RUDY BESERTA CREW NYA ATAS REUNI ANGKATAN,90 02 OKT 2011

Translate

English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified
by : Bja-Wijaya

Sabtu, 27 November 2010

Si Boy2



Posoan nang kampus rasane muales… ngono. Kuliah awan rasane koyok gak kuato. Opomaneh Boy arek kemalan badhogan iku wis mulet-mulet kaliren.
“Cuk…wetengku luwene Ngga…” jarene.
“Ditahan ta Boy… jenenge poso yo kudu kuat luwe ambek ngelak,” jare Angga.
“Aku tak poso bedhug ae yo rek.” Boy wis putus asa.
“Poso bedhug… koyok arek SD ae, Boy…gak isin ta raimu,” jare Sony.
“Cuk…timbangane aku mokel lu cuk…”
“Koen iku poso cak cuk cak cuk ae cangkemu. Batal koen,” jare Sony.
“Lha koen iku sik tas yo muni jancuk,” jare Angga.
“Koen lapo muni jancuk pisan Ngga,” jare Kosim.
“Mbuh…mbuh…jancukan kabeh..weteng luwe tambah cak cuk ae cangkeme,” Boy sumpek.
Nang kantin Mbak Pat wis bengok-bengok.
“Rek…gak buko ta? Wis bedhug iki lo…” jare Mbak Pat ambek nyumet rokok.
“Lhe…gak poso?” jare Sony.
“Aku lo lagi halangan…lagi men…jadi gak boleh puasa lagi,” jarene ambek nyedot rokoke…wess…
“Gak mungkin… sampean lo wis menopause,” jare Boy.
“Menopause mattamu yo…aku lo sik prawan…”
“Sampean lo rondho kit jaman orde baru sampek jaman sby…”
“Rondho jaman orde baru cangkemu yo…”
“Wis…wis… ayo nang mesjid ae, timbang posone batal, ambek ngenteni kuliah Agama Islam,” jare Angga.
“Iyo, nggarai duso thok ae nang kene. Jarene setan iku nek posoan dikerangkeng…lha iki tambah rokokan nang kene,” jare Boy.
“He, asu koen ngarani aku setan yo,” Mbak pat emosi.
“Gak…iblis…”jare arek-arek ambek budhal nang mesjid.


Nang mesjid jam siji onok kuliah Agama Islam rong sks. Kuliahe moco tulisan arab. Kelase dibedakno menurut kemampuane. Kosim langsung melok kelas Qur’an soale mocone lancar. Iyo, bedhes iku masio alkoholik ngono biyene nang kampunge nang medhuro kono tau dadi qori’. Boy karo Angga nang kelas B. Sing sakno Sony, pak. Wong arek iku gak isok moco arab blas, alias nol pothol. Sik tas diajari moco alib bak tak, ndhase wis ngelu. Asu ancene.
“Ini yang kayak pancing namanya jiim. Jiim...,” jare tentore, jenenge Mas Afifi.
“Angele…jhiim…jhiim…”jare Sony.
“Bukan jhim, tapi jiiim…,” sentak Mas Afifi.
“Jiiiim…blue jim…,” Sony nyauti sakkecekele.
“Gak pake blue…kayak film aja pake blue…”
“Ustad kok eruh film blue,” batine Sony.
Moro-moro tekok coronge mesjid krungu suara serak-serak sember koyok omplong diseret. Wong-wong kaget kabeh, termasuk sing lagi kelesetan nang jubin ngenteni buko.
“Nawaitu shouma ghodin…niatingsun nglakoni poso…ndang tutuko sedino sesuk…anetepi fardhu wulan romadhon…” tibakno Boy sing nyekel mik ambek nyanyi lagu-lagu pujian. Terang ae arek SKI ngamuk-ngamuk.
“He, mbok anggit iki langgar nang kampungmu ngono ta?” sentak Ma Afifi.
“Lho, mas…nek nang nggonanku iku nek posoan nyanyi lagu-lagu koyok ngene…”kabeh iku kerono Allah ta’ala…”Boy nerusno pujiane.
Takmire mesjid ngelus dhodho ambek ngempet…babah wiss, timbangane nyumet mercon opo main kertu, karuan moco puji-pujian, batine.


***


Sakben sore nek atene buko, akeh arek-arek mahasiswa dodolan takjil nang jalan Dharmawangsa. Koyok sore iki, Anya karo Prita ambek mahasiswi lione dodolan jajan-jajan karo es buah, es kolok, es dhawet gawe buko. Sing tuku yo akeh, opo maneh sing dodol mahasiswi-mahasiswi ayu-ayu. Laris manis… Lumayan nggarai jalan Dharmawangsa rodok macet.
“Silakan, pak, buk…esnya duaribuan,” jare Anya.
“Es buahnya dua mbak, “ jare ibuk-ibuk.
Boy, Angga, Sony, ambek Kosim yo melok-melok cangkruk nang kono. Gak ngrewangi, cumak nunut mejeng thok.
“He…rek ojok ngowo thok, golekno ijolan duwik cilik… sewuane entek,” jare Anya.
“Sim…iko lo arek-arek ijolono duwik ewonan, koen dino iki gak ngemis ta?”
“Asu…lapo ngemis iku…”
“Terus yo gak nyemprit dadi polisi cepek?”
Hahaha…arek-arek ngguyu Kosim
Moro-moro onok wong nggebrak mejo dodolane arek-arek iku. Dipikir arek-arek tramtib satpol PP.
“BUYAR….BUYAR…njaluk takwalik ta dodolane!!” Tibakno Mbak Pat sing ngamuk-ngamuk ate njungkir mejo.
“Ayo diringkesi…timbang takberesi kabeh iki engkok!” jarene.
“Aduh, Mbak Pat…sabar dong…ada apa sih kok marah-marah…”
“Gak marah yo-opo? Kabeh wong mandeg, tuku takjil nang kene. Deloken iko lo daganganku medhak gak payu!”
“Wah, tapi jangan dirusak dong Mbak Pat, dagangan kita,” jare Prita.
“Gak athik…nek gak pindah, takjejeki kabeh jajan-jajan iki…”
“Heh…heh…lapo ae se? dodolan gak payu ngamuk-ngamuk nang kene,” sentak Boy.
“Lha iyo gak payu gara-gara mbak-mbak iki. Wis koen gak usah melok-melok, su…asu…!” Mbak Pat nyentak Boy.
“Yo jelas milih kene, sing dodol ayu-ayu, wangi-wangi… ndelok sampean ae wong wis gak kolu buko, opo maneh tuku jajanmu,” bales Boy.
“Cuk…gakusah nyocot ae koen yo…Trus cek payu aku mokkongkon mudo nang kene ta? Takklakoni,“ jare Mbak Pat.
“Iyo…gulone es buahe ae paling nggawe obat gulo, trus banyune paling yo banyu mentah,” jare Sony.
“Banyu mentah mattamu yo…Pokoke, taketung ping telu, gak diringkesi, aku mudo… takobrak abrik temenan iki!”
“Aduh…jangan Mbak Pat…ini jualan bukan buat kita kok…hasilnya ntar kita sumbangin ke anak yatim piatu,” jare Prita.
“Podho ae…aku iki yo yatim piatu gak duwe emak gak duwe bapak,” engkel Mbak Pat.
“Anake gorila…”jare Boy.
“BUYARRR…” Mbak Pat dadi Hulk.
Untunge onok polisi teko, mudhun tekok mobil polisi misah kekacauan iku.
“Ada apa ini?” jare polisi iku.
“Macem-macem pak…ada es buah, ada es blewah, pastel, bikang, kontol kambing, oles-oles,” jare Boy.
Ndelok polisi iku Mbak Pat langsung mlayu ngrakul.
“Pak polisi…hu…tolong saya pak…juaalan saya jadi gak laku gara-gara mereka ini pak, hu…” jare Mbak Pat ambek nangis ngrangkul polisi iku.
“Buk..ibuk..maaf buk…” jare polisi iku ambek berusaha melepaskan diri dari pelukan iblis betina itu.
“Gak mau…pokoknya gak bakal taklepaskan sebelum mereka diusir pak polisi,” jare Mbak Pat ambek ngrakul terus…mbathi, cuk. Sakno polisine, apes.
“Iya…tapi tidak dengan cara gini buk,” jare polisi iku ambek perasaan gilo.
Suasana tambah rame, dalan Dharmawangsa tambah macet, akeh sing ndelok kedadian iku. Athik onok tandak bedhes tanggapan nang kono pisan. Cocok iwak endog. Tambah muacet polll. Polisi sijine sing nang njero mobil sedan akhire melok mudhun pisan. Mbak Pat gak menyia-nyiakan kesempatan iku, langsung mlayu ngrangkul polisi sijine iku. Polisi sijine sing luwih enom iku langsung klepek-klepek kudu mutah.
“Ibuk…jalanan rame, ini jam orang pulang kerja juga…nanti jadi tambah macet,” jare polisi iku ambek nutupi irunge.
“Mbak-mbak…kalo mau jualan….lhoh…Prita? Kamu jualan di sini?” takok polisi iku.
“Eh…eh…iya, mas…” jare Prita.
“Lho, sampean kenal sama Mbak Prita ini, ta pak pulisi?” takok Mbak Pat.
“Iya, Prita ini pacar saya…” jare polisi iku maneh.
“Pacar? Polisi? Lho polisi ini pacarnya Mbak Prita ta?”
“Iya…bener, saya pacarnya Prita, buk, nama saya Bimo. Oke? Sekarang semua damai ya…gak usah ribut di jalanan,” jare Bimo.
“Heh! Endi Boy?” Mbak Pat bengok-bengok nyeluki Boy.
Boy meneng ae nang ngisor wit .
“He, asu…rene koen… iki lo takkenalno pacare Mbak Prita…jenenge Mas Bimo,” Boy diseret Mbak Pat.
Boy moro ambek klemar klemer koyok wong kaliren.
“Ini mas…yang namanya Boy alias Boyo…sukaknya nggodain Mbak Prita, alasan nggonceng pake motornya lah…, ngajak makan lah, itulah…ada aja alasannya…Sampean tembak sama pistolmu aja mas nek maem-macem,” Mbak Pat adu-adu tumbak cucukan cangkeme.
Boy males dikongkon salaman, “Boy,” jarene. Polisi iku salaman pisan, “Bimo,” jarene.
“Yo adoh rek…jauh…gak level…sing siji polisi, gagah, nggantheng…lha situke opo…bondho nggantheng ambek gondal-gandul thok,” Mbak Pat ngunggulno dagangane. “dadi aku aku yo milih sing iki, Mbak Prita!” jare Mbak Pat ambek njawil janggute Bimo.
Boy muntap…raine abang. Harga dirine diidek-idek karo Mbak Pat di depan umum je…Tangane langsung nyaut es buah karo kolok, terus langsung digrujugno nang rambute Mbak Pat.
“Aduh…aduh…asu…pliket kabeh awakku.” jare Mbak Pat.
Boy mlayu diuber Mbak Pat sing nggowo bendho gawe nuthuki es batu, “Mandheg koen…tak bacok kene gegermu yo…”
Arek-arek SDN Airlangga sing mulih pondok romadhon langsung bengok-bengok nyuraki, “wong gendeng… wong gendeng… wong gendeng…” jare arek-arek iku.
Mbak Pat langsung mandeg terus ganti ngincim arek-arek SD mau.
“He…kirik… ngaji nang langgar gak dididik ustade tah, ngelokno wong tuek gendeng… hayo tak bacok kene cangkeme!”
“Wong gendeng ngamuk… wong gendeng ngamuk…” jare arek cilik-cilik mau amnbek mlayu sipat kuping mlebu nang kampung.
Wong-wong sing ngumpul mau akhire isok langsung dibubarno polisi. Keadaan aman terkendali.


Lanjut . . . . Si Boy -3-
Share free counters