-

SELAMAT DAN SUKSES SAUDARA RUDY BESERTA CREW NYA ATAS REUNI ANGKATAN,90 02 OKT 2011

Translate

English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified
by : Bja-Wijaya

Jumat, 26 November 2010

Si Boy1



TEMAN TAPI….( SIKUEL SI BOY  )

oleh Cak Cuk:  pada 01 September 2009 jam 11:41

“Saur..saur…Boy…tangi…saur le….,” gugah Umik.
Boy sik merem ambek mulet-mulet.
“Saur…saur…ayo tangi Boy…kon gak saur ta? Engkok posomu gak kuat lo nek gak saur!” pekso Umik.
“Nek mboten purun tangi kulo guyange banyu nggih buk,” jare Yu Mi ambek siap-siap njupuk ember.
“Boy!” jare Umik karo mbateki boxere Boy (arek iku nek turu ancene boxeran thok) ayo saur…selak imsak iki lo!”
Boy melek ambek ngusapi iler nang lambene. Kemproh, cuk.
“Mik…mlorot kabeh iki lo katokku mokploroti,” jare Boy ambek ngunjukno boxere.
“Wis gak usah kakean cangkem…dienteni Abahmu nang mejo makan iko lo.”
Boy metu kamar trus nang mejo makan ambek klewas-klewes sik ngantuk . Tangane langsung njupuk piring karo nyaut enthong.
“He…raup sik kono lo…sik ketheken wis ate nyedhuk sego.,” jare Abah.
Boy gak ngurus, langsung nyedhuk sego terus njupuk jangan sop karo iwak pitik, endog ceplok, sate usus, karo jeroan, krupuk pisan.
“Masakalah Boy… saur sakmono akehe… loro lho engkok wetengmu,” jare Umik.
“Walah…timbangane engkok awan aku luwe…tambah mokel engkok,” jare Boy ambek njupuk begedel karo dadar jagung.
Umik karo Abah ngowo thok ndelok saure Boy sing koyok buto ijo iku.
“Wis Boy…Umik gak saur wis… ndelok koen mangan wis wareg wetengku.”
“Tolong jupukno cap jae ne, mik,” jare Boy ambek imbuh njupuk sego maneh.
“Ya ampun…sego sak wakul iki entek koen?”
“Ayo ta mik…engkok aku gak kuat poso lo…” rayu Boy.
“Awas koen nek athik mokel yo..titenono koen yo…”
“Yu Mi…gawekno sirup…” kongkon Boy.
“Walah…sik ta, Mas Boy…niki tivine apik lo, Adul niki lo cik lucune…” tolak Yu Mi.
“Wis…nggawe dhewe kono lo…kithing ta tanganmu?” jare Umik.
“Yu Mi iku lak babune awake dhewe se mik? Lapo Umik iki tambah mbelani Yu Mi. Asline aku iki anake Umik ta duduk se?”
“Lak mulai kumat maneh cangkeme, mari ngono tes BCA?” jare Umik.
“DNA…ndeso iki,” jare Boy.
“Yu Mi aku gawekno teh anget sik,” gantian Umik ngongkon.
“Walah…mesti ngongkon kulo…Niki lo Komeng sik lucu, buk,” jare Yu Mi ambek delosoran nang ngarepe tivi.
“Nek gak ngongkon koen lo terus ngongkon sopo?”
“Sabar buk, niki wulan poso… mpun ngamuk-ngamuk terus… mengke pahalane telas,” jare Yu Mi karo sendenan dulinan remote.
“Yo wis, nek ngono jupukno setriko ae,” jare Umik.
“Damel nopo buk…subuh-subuh ate setriko,” jare Yu Mi.
“Yo gawe nyetriko gegermu iku… cek koyok TKW-TKW sing disetriko juragane nang Malaysia kono!” sentak Umik ambek gregeten.
“Wah… jadi kayak Manohara nih,” jare Yu Mi.
“Iyo…mesisan disilet-silet, Mik…” jare Boy ambek lungguh nang ngarepe tivi. Tangane sing tengen nggowo sirup sing kiwo nyekel gedhang goreng. Masakalah arek iku ancene.
“Boy, mari saur gak oleh turu… sholat subuh jamaah ambek Umik nang mesjid,” perintah Umik.
“Walah mik…” Boy aras-arasen.
“Gak athik walah walah…gak tak sangoni koen nek gak sholat jamaah.”
Boy mecucu ae cangkeme, tapi yo tetep budhal. Timbangane gak disangoni…gak rokokan la’an…(lho…posoan kan?)

Sampek mesjid wis rame akeh wong. Onok sing wudhu, onok sing markir kendaraan, onok sing mejeng…
“Hei…cantik…Boy nggudho arek wedhok sing nggawe kudung ungu… janda ya…kok pake kudung ungu?” Cangkeme arek iku ancen koyok asu kok. Poso-poso ngene sik sempate nggarai wong. Arek wedok mau langsung mecicil kudu misuhi…tapi berhubung poso, dadi gak sido.
“Nek mecicil tambah ayu hare…sayang empat tiga…rondho.”
Boy kaget moro-moro kupinge dijewer wong.
“Aduh…aduh…mik…opo ae sih…loro iki lo…”
“Ayo…cangkeme yo…wudhu!sholat!…gak cangkrukan nang bok nggudhoi wedokan koyok ngene,” jare Umik ambek njewer kupinge Boy. “Sarung dicangklongno nang gulu koyok tukang becak ae!” sentak Umik.
“Mosok onok tukang becak ngganteng koyok Christian Sugiono ngene.,” jare Boy diguyu arek wedok-wedok sing lagi njupuk wudhu.
“Disunat aja tante, kalo nakal,” jare cewek-cewek mau ambek cekikikan.


Mari sholat subuh, sik tas… salam ambek moco dungo, moro-moro…
“DHUOR!!!”
Masyaallah…Onok opo?... wong-wong kaget kabeh dipikir onok bom mbledhos…
“Wonten Noordin Ngetop, Buk,” jare Yu Mi.
“Iyo ta,Yu Mi? mosok mesjid dibom?”
“Ooooo…ancene Boyo iku… Arek gendeng anake Umik Salamah… kurang ajar ancene… isuk-isuk wis nyumet mercon!” jare wong-wong.
Umik ngelus dhodho krungu jenenge disebut ambek mbatin ndungo nang Pengeran.
Yu Mi mbisiki…”Sampean nek ndungo sing temen buk…cek mas Boy niku dadi lare becik, soleh, mboten ngisin-isini wong tuwo..”
“Menengo lambemu!” Sentak Umik ambek gregeten ndelok kelakuane Boy. Asu ancene arek iku. Boyne dhewe lagi mlayu karo arek cilik-cilik diuber wak modin ambek nggowo berang.
“Mandheg…poso-poso nggarai wong ae penggaweane… ancene anake Kaji Na’im ambek Umik Salamah iku kit cilik mokong kok!” Jare wak modin ambek ngacungno berange.
Umik ndungo ambek tambah mbedhodhog atine.
“Sing khusuk buk nek ndungo…cek dikabulaken Pengeran.”


Lanjut .......-2- be   continue.....
Share free counters