-

SELAMAT DAN SUKSES SAUDARA RUDY BESERTA CREW NYA ATAS REUNI ANGKATAN,90 02 OKT 2011

Translate

English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified
by : Bja-Wijaya

Jumat, 26 November 2010

KEMPING1




KEMPING MEMBAWA BERKAH
oleh Cak Cuk: pada 26 Juli 2009 jam 16:07

Arek-arek mahasiswa anyar koncone Boy sak jurusan siap-siap ate budhal ospek jurusan. Rencanane ate kemping nang Coban Rondo. Kabeh kudu melok, soale nek gak melok engkok di-DO (mosok, se?). Mangkane kabeh kumpul sore iki nang parkiran sebelahe mesjid. Wis onok telung trek tentara sing disiapno gawe ngangkut arek kabeh.
“Perhatian…truk satu dan dua untuk maba cewek, truk tiga untuk maba cowok. Dilarang campur cowok dan cewek dalam satu truk!” mahasiswa senior bengok-bengok nggawe megaphone.
“Walah…mosok lungguh bareng nang trek ae isok meteng, cak?” saut Boy.
“Siapa itu tadi yang ngomong?” Awas, jangan celometan, ya? Kalau gak mau, silakan naik angkutan lain aja, gak usah protes!” jare senior.
“Asiik…, ayo Ngga, numpak mobilmu ae, jarene mas iku dikongkon numpak angkutan lain,” ajak Boy nang Angga.
“Sik, Boy…barang-barange awake dewe wis mlebu nang nggone trek, yok opo iki?” takok Soni.
“Yo jupuken, cuk, mosok ngongkon Bibikmu njupuk?” sentak Boy.
Soni cepet-cepet njupuki tase de’e, Boy, Angga, karo Kosim, trus dilebokno nang Nissan X-Trail-e Angga.
“Ayo, Sim, kon melok gak? Ngowo thok ae koyok kobokan cangkemmu!” Boy nyentak Kosim sing lholhak-lholhok.

***

Jam papat sore rombongan mahasiswa iku budhal dilepas Pak Joko, wakile kampus.
“Bapak harap, kalian sebagai generasi muda penerus perjuangan bangsa dapat terus memelihara rasa cinta dan bangga terhadap tanah air, seperti apa yang telah dicontohkan para pahlawan pendahulu kita yang telah gugur mendahului kita tanpa pamrih…” jare Pak Joko ambek nangis srenggukan.
“Wong gendeng,” jare arek-arek gak ngereken.
“Sampean iku ngekeki sambutan ta upacara tujuhbelasan,” jare Boy gregeten.
Iring-iringan iku langsung budhal, ninggalno Pak Joko sing sik ngecemes ae lambene ambek nangis-nangis gak jelas.
“Jare budhal tibake teko,” Soni moco pantun.
“Opo artine?” takok Angga ambek ngegas mobile.
“Selamat tinggal Pak Joko…”saut Soni karo dhadha.
Arek-arek ngguyu ngakak…

Metu tol, pas sampek Porong moro-moro Kosim njaluk mandheg.
“Tretan, mandheg disek, yo,” jarene.
“Lapo, kebelet nguyuh ta?” takok Soni.
“Ndak, aku pengen ndelok Lumpur Lapindo. Mumpung liwat, mandheg diluk yo,” jaluk Kosim.
“Jancuk…Ndeso iki… gak usah, gak usah! Engkok kene ketinggalan ambek liane. Pas moleh ae Sim, ojok saiki!” jare Boy.
Kosim meneng ae. Cangkeme mecucu, sampek isok dikuncrit.
“Nggondhok koyok kodhok…,” gudho Boy.
“Nesu koyok asu…” tambah Soni.
“Purik koyok kirik…” saut Angga
“Ha…ha…ha…” arek-arek ngguyu kekel. Kosim mesam mesem thok koyok asu.

Mobil mlayu terus ngetutno rombongan sing nang ngarep. Sampek teko Batu, Soni kumat gatele.
“Eh, rek…gak nggolek arek wedhok ta? Nang kene aku eruh nggone cewek-cewek bokingan,” jare Soni.
“Cuk, emoh, aneh-aneh ae iki!” tolak Boy.
“Walah…murah kok, seket ewuan. Satus ewu paling gelem digawe wong papat. Engkok taknyangno,” jelas Soni.
“Cuk, cangkemmu bosok ancene, Son! Males aku…, nek ate mbalon, mbalono dewe, ojok jak-jak!” sentak Boy.
“Iyo, Soni iki…Engkok nggarai mobilku apes ae, ojok…ojok!” jare Angga.
“Nang Coban Rondo lo adhem, cak! Rugi gak onok sing dikeloni, rek!” Soni sik mekso.
“Mangkane jenengmu Soni, koyok merek sempak, lha wong pikiranmu nang sempak thok ae! Pokoke nek gak, yo gak! Nek koen sik pingin kelon yo iku kelonono Kosim ae!” sentak Boy.
Soni meneng ae karo mrengut. Atine mbedhodhog disentak Boy koyok ngono. “Koen lo sopo nyentak-nyentak aku koyok ngono,” batine de’e.
Suasana dadi rodok gak enak. Rodok panas. Kabeh meneng gak onok sing guyon…
“Nggondhok koyok kodhok…,” moro-moro Kosim muni.
Boy ngelirik Angga. Angga yo ngelirik Boy ambek ngempet ngguyu.
“Nesu koyok asu…,” tambah Kosim koyok gak duwe duso.
Boy ambek Angga wis gak kuat ngempet ngguyune.
“Purik koyok kirik…!” jare Boy ambek Angga barengan.
“Ha…ha…ha…!”
“Jancuk…asu…koen nyemoni aku yo…” Sony ngantemi lengene Kosim karo ngguyu kekel.
“Aduh…aduh…ampun, Son, ampun…guyon…” Kosim nggoceki tangane sing kelaran diantemi Soni.
“Ha…ha…ha…!”

Camping -2-
Share free counters