Kabeh mahasiswa anyar mlebu nang kemahe dewe-dewe sing wis dibagi karo senior.
“Son, tasku endi, kok gak onok? Koen lali njupuk tekok trek yo?” takok Angga.
“Gak, Ngga, wis takjupuk kabeh, kok…Tasku, tasmu, tase Boy, tase Kosim, kabeh wis taklebokno mobilmu,” jare Soni.
“Kon keliru njupuk be’e, Son. Iki lo tase onok jenenge Anya, duduk Angga. Wah, soro kon iki, Son!” Angga ketok jengkel.
“Waduh, iyo, Ngga, sepurane yo…Soale kabeh tase kan seragam, ambekan mau kesusu-susu, aku gak nguwasi nek jenenge kliru.”
“Dibalekno nang kemahe senior ae, Ngga, sopo ngerti tasmu kijolan karo Anya. Ayo takterno,” jare Boy.
Moro-moro tekok speaker krungu sworo banter.
“Perhatian…perhatian…kepada semua maba diharap segera berkumpul di lapangan, acara api unggun dan makan malam akan segera dimulai!”
Arek-arek langsung ngumpul kabeh nang lapangan gawe ngrungokno instruksi tekok senior. Nang lapangan peteng ndhedhet, cumak onok api unggun sing dadi penerangane. Howone uadhem pisan, sampek akeh sing kathuken.
Moro-moro onok arek maba wedhok loro maju nang mejone senior, nggowo tas karo bisik-bisik. Ketokane arek wedhok sijine iku Prita. Gak eruh sitoke.
“Perhatian…kepada maba yang bernama Angga diharap maju ke depan. Tas kamu ketuker sama tas maba lain.”
“Ngga, cepetan jupuke tase areke,” jare Boy.
“Iya, sebentar Mas, saya ambil tasnya dulu,” jare Angga ambek mlayu nang kemah njupuk tas. Mari ngono de’e maju ngekekno tase nang senior.
“Itu bener tasmu? Namamu Anya?” takok seniore.
“Iya, mas…Itu tas saya,” jare Anya karo mrengut.
“Oalah, rek…rek…, wong ada tulisannya besar ANYA, kok ya masih keliru,” jare senior iku maneh.
“Ha…ha…ha…” wong sak lapangan ngguyu kekel kabeh. Anya raine abang kabeh ngempet isin.
“Lho, ayo kembalikan tasnya Anya, kok malah kamu pegangi terus!” jare senior.
Angga ngekekno tase Anya. Tapi durung ditampani Anya tase tibo.”Waduh,”jare Angga. Isine tas iku langsung metu kabeh. Onok suri, wedhak, jepit rambut…Anya karo mangkel ndhodhok njupuki barang-barange.
“Sini, takbantu,” jare Angga karo ndhodhok.
“Gak usah!” tolak Anya.
Tapi Angga tetep mekso ngewangi nglebokno barang-barange nang tase Anya. Moro-moro tangane nyekel barang putih, empuk koyok kapas. “Opo iki?” batine…”Hi…softex!” bengok Angga karo nguncalno barang iku.
“Lho, softexe ngglundhung!” bengok Boy.
Arek-arek sak lapangan tambah ngguyu kemekelen. Anya sing kisinan langsung mlayu nggowo tase nang kemah. Prita nulungi njupuki barang-barang sisane ambek mleroki Angga.
“Mbak…roti kempite keri lo…!” jare arek-arek.
“Ha…ha…ha…” suasane tambah dadi rame karo guyune arek-arek.
Arek-arek kabeh antri mangan bengi nang mejo dowo ngarepe tenda senior. Pas ndelok panganane, Boy langsung kaget bin curiga. Ojok-ojok iki masakane…
“Ayo, antri…antri…gak usah royokan, sik akeh kok,” moro-moro Mbak Pat metu tekok tenda ambek nggowo enthong.
“Jancuk…bener kan perkiraanku. Asu…nang kampus mangane Mbak Pat, nang kene mangane Mbak Pat pisan. Gak onok katering liane, ta?” takok Boy.
“Gak usah kakean cangkem, mbadhog ta gak?” Mbak Pat jual mahal.
“Mangan, cuk! Timbangane kaliren gak onok sing dibadhog!” Boy rodok mangkel, tapi yo tetep njupuk sego.
Mari mangan acarane istirahat. Angga mbisiki Boy,”Boy, aku gak enak ambek Anya, ketokane areke sing ngamuk. Terno po’o, aku ate njaluk sepuro.”
“Ayo, engkok njaluk tulung Prita ae. De’e kan koncone Anya,” Boy langsung tangi.
Arek loro iku langsung nang nggone tendane arek wedok. Boy langsung nyeluki Prita.
“Prit…Prita…kamu belum tidur kan…” Boy bisik-bisik nang pinggire Tenda, ndelik nang mburine uwit, wedi ketok senior.
“Belum…siapa, tu?” takok Prita tekok njero kemah.
“Aku, Boy…kamu keluar bentar ya, ada perlu penting nih.”
Prita metu tenda ambek tolah toleh, soale peteng. Boy langsung methuki ambek Angga.
“Ini, lo, Prit…Angga mau minta maaf sama Anya. Dia gak bisa tidur kalo belum minta maaf katanya. Kamu panggilin Anya, dong,” jare Boy.
“Ya udah, gua coba ajak dia keluar ya, tunggu bentar.”
Prita ngrayu Anya cek gelem metu. Tapi Anya gak gelem. Akhire Prita nyerah.
“Boy, Anya nggak mau tuh. Besok aja ya Ngga, ntar aku rayu dia lagi deh biar mau maafin kamu…” jare Prita. Tapi Angga gak gelem. De’e langsung mbengok
“Anya…aku mau minta maaf sama kamu. Kamu keluar dong!” Angga mbengoki tekok njobo.
“Aduh…siapa sih itu teriak-teriak di luar!” jare mbak senior tekok njero tenda.
“Anya, aku serius, nih…Kalo kamu gak mau keluar, biar aku yang masuk!” Angga rodok esmosi.
“Ngga…Ngga…ojok gendeng koen!” Boy nggoceki tangane Angga. Tapi telat, Angga wis nekat mlebu tendane arek wedhok. Boy ketarik mlebu pisan.
“Aaaa….ada cowok…keluar…keluar…!” mbak senior sing lagi ganti klambi jerit-jerit ambek nutupi dhodhone sing kutangan thok karo selimut. “Kurang ajar, gak duwe aturan…Tolong…!”
Spontan suasana dadi rame. Senior lanang-lanang langsung teko ambek ngamuk-ngamuk.
“Onok opo iki?” jare Mas Bayu, ketuane senior. ”Arek loro iki maneh!”
“Arek loro iki kurang ajar, mas! Masuk tenda cewek malam gini!” jare arek sing ganti klambi mau.
“Iya…tolong…mereka mau memperkosa saya. Mereka mau merampas kesucian saya…” jare Mbak Pat ambek nutupi wajahe.
“Cuk…sampean lo wis gak prawan…” sentak Boy.
“Sudah, sudah! Kalian berdua dihukum gak boleh tidur di tenda. Kalian harus tidur di lapangan dekat api unggun. Titik!” hukum Mas Bayu.
Angga ambek Boy dikeler metu tenda koyok tahanan Medaeng. Melas, cak…
“Alhamdulillah…untung kesucianku tetap terjaga,” jare Mbak Pat cuek. Cewek-cewek langsung kudu mutah kabeh.
Boy ambek Angga lungguh kathuken nang pinggir api unggun sing wis mati. Moro-moro krungu sworo tekok tenda lanang.
“Ealah, Sim… mau sore digolekno wedok nang mBatu, jarene emoh…tibake nggolek wedok dewe nang tendane arek wedok. Ha..ha..ha…”
“Cuk…iku swarane Soni, nyemoni awake dewe, Ngga!” Boy mecucu ae. Tapi Angga gak nyauri. Kit mau meneng ae.
Moro-moro onok sworo senior nyentak-nyentak, ”Ayo, metu! Kon iki mokong yo…Wani-wanine ngombe nang njero tenda. Metu!”
Senior iku ngamuk ambek nyengkeweng klambine Kosim ambek Soni. Arek-arek metu kabeh kaget.
“Kita gak mabuk kok Mas, Cuma minum dikit buat anget-angetan,” Kosim alasan.
“Iya, Mas…saya lho gak ikutan minum,” jare Soni.
“Cangkemmu lo mambu alkohol! Sik mungkir ae!”
Mas Bayu cumak gedheg-gedheg thok ndelok kelakuane arek-arek iki. Mendem nang njero tenda, cuk. “Kalian berdua bergabung sama yang dua itu. Kalian tidur disana sampe pagi!”
“Anak-anak jaman sekarang itu ya…,” Mbak Pat manas-manasi, “Mana minumannya, sini, biar saya saja yang simpan,” jarene.
“Cuk, asline sing mendem paling yo Mbak Pat karo arek-arek senior,” batine Boy, “Titenono koen yo, kejahatan harus dibalas dengan kejahatan yang lebih sempurna!”
“Opo’o Boy?” takok Angga.
“Gak…gak po-po…” jare Boy ambek ngrogoh sak celonone,”Oh…sik onok barange…”
Tambah bengi howone Coban Rondo tambah uadhem. Arek papat iku dempet-dempetan ngilangi adhem koyok wong keroken. Melase, cak…Koyok wong mbambung gak nduwe omah ae, turu keleleran nang lapangan.
Moro-moro onok arek wedok loro nekani kono.
“Lho, Prita, ngapain kamu?” takok Boy.
“Ssssstt…ini aku ama Anya bawain selimut buat kalian. Tapi cuman dua. Dibuat berempat ya…” jare Prita.
“Kalian nggak pake selimut?” takok Boy.
“Aku sama cewek-cewek lain nyampur jadi satu selimutnya. Udah, ya..., ayo semuanya…”
“Wenake rek…nyampur jadi satu karo cewek-cewek lain, melok po’o” jare Soni.
“Wis, cuk, ojok nyocot ae, iki lo, koen selimut siji ambek Kosim. Aku tak kelon karo Angga,” jare Boy.
“Cuk…gak sido kelon ambek cewek, tambah ngeloni wedhus iki…Ayo sayang, kene tak keloni,” jare Soni ambek ngrangkul Kosim. Kabeh ngguyu cekikikan, wedi krungu senior.
Isuk wis teko, srengengene wis mlethek.
“Ayo, tangi-tangi!” Boy digugah senior, “Lho, kok onok slimute? Oh, mokong arek-arek iki!”
Boy angop ambek mullet,”Wuuaahh…wis isuk rek, weteng luwe pisan.” Jarene.
“Ayo-ayo semua bangun! Persiapan untuk olahraga dan sarapan pagi!” Mas Bayu bengok-bengok liwat megaphone.
Soni, Kosim, ambek Angga mlebu nang tenda.
“Boy nang endi Son?” takok Angga.
“Emboh, ngising paling…”jawab Soni sak kecekele.
Boy mlayu-mlayu nemoni Prita ambek nggowo bungkusan.
“Ada apa, Boy? Kok gitu wajahmu,” jare Prita.
“Enggak…nih, aku bawain jatah sarapan pagi kamu sama Anya. Ada dua bungkus, tapi sembunyiin dulu, jangan sampe ketauan senior. Entar aku dihukum lagi!”
“Iya…iya…makasih ya Boy!”
Boy mlebu nang tenda lanang ambek ngos-ngosan.
“Ngising nang endi, koen?” takok Soni.
“Ngising mattamu, yo! Iki lho njupukno jatah sarapanmu!”
“Wah, koen iki ancene konco paling uapik kok, Boy!” jare Soni ambek njupuk sego bungkusane.
“Gathel! Nek onok butuhe ae aku mokelem-elem! Tapi mangane engkok ae bareng liane, rek,” jare Boy.
“Arappa?” takok Kosim.
“Wis, ta, ojok nyocot ae!”
Camping -3-