1.Iku Fotone Genderuwo
Selasa, 21 Juli 2009 | 07:56 WIB Prei wingi arek-arek nang Batu, nginep ndhik hotel. Pi’i langsung foto-fotoan. “Cik facebook-e bek,” jare Pi’i. Arek iku kemalan foto ndhik ngarep resepsionis cik disangkakno manajer hotel. Mari ngono foto kemulan, ndhodhok nang jedhing, mengkruk-mengkruk ndhik ndhukur meja.
”Ealah, I, cik ndesone. Atase mbukak lemari kamar ae dipotret,” jare Cak Sur.
Gayane Pi’i ancen nemen. Pose nggandholi wit asem cik koyok penyanyi India sampek pose lawas njempok tivi ambek ngadek koyok upacara, matane mentheleng, mingkem. Top wis.
Bareng foto-fotone disebar ndhik facebook, sing komentar uakeh. Onok foto bareng-bareng ndhik ngarep jedhing. Jare Pi’i, iku foto ambek Cak Sur. ”Iki foto sak gurunge adus. Tapi kok… aneh. Onok saklebatan ayang-ayang ireng nang ngguri,” jare Pi’i.
Cak Sur nontoki maneh. Temen, onok ireng-ireng nang nggurine Pi’i. “Genderuwo ta?”
Pi’i langsung pucet. Foto iku dicetak guedhe. Ireng-irenge pancet onok.
Bareng krungu lek onok genderuwo melok foto, Cak Sur ambek Pi’i mlebu tivi. Sing wawancara antri. Tapi sorene Pendik mara. Arek iku muring-muring. “Sing genah ta rek. Mosok onok genderuwo? Aku wingi adus nang hotel iku yo gak onok opo-opo.”
Cak Sur nuduhno foto iku. Pendik mencureng, raine sing ireng malih kuning. ”Koen iku nemen. Iku lak fotoku pas metu tekok jedhing. Kepotret ndhik nggurimu. Mosok se rupaku koyok genderuwo?! Cik
nemene.”
2.Pipa Gak Digawe
Rabu, 22 Juli 2009 | 07:47 WIB Pendik ingak-inguk kate ngringkesi sandhal ndhik teras. Cak Sur sing kaet melek kaget. ”Heh! Iku sandhal sik digawe. Lek kate leles nang embong kana!”
Pendik sing konangan mik mrenges. ”Lek onok barang gak digawe, pipa ta panci.”
Cak Sur kadhung mecucu. ”Jukuken sing nang njaba. Sing ndhik teras ojok diuthik.”
Pendik langsung ngringkesi rongsokan nang latar. Bareng Cak Sur kate adus, banyune gak metu. Sumur pompa yo gak muni. ”Listrik gak mati kok sumur gak metu banyune.”
Bingung kadhung kramas, Cak Sur raup nggawe banyu ceret. Diuthak-uthek, pompa banyu tetep gak netes. Bareng dicelukna Pi’i, insinyur ahli pompa macet, Pi’i gumun. ”Yok opo isok metu banyune, pipane nang njero sumur gak onok.”
Lho, pipa paralon sing nyemplung banyu gak onok. Bareng dieling-eling, sapa maneh lek gak Pendik. Pendik mrenges. ”Sampeyan ngongkon njukuk sing nang njaba. Lha sumur iki lak ndhik njaba. Kate tak jukuk pompane aku gak kuat. Yo paralone tak kukuti.”
”Gak sumure mesisan koen angkut?” jare Cak Sur
3.Njaluk Ijol Gusuran
Jumat, 24 Juli 2009 | 07:53 WIB Eruh lek ngarep SDN Margorejo kate digusur, Pendik mbingungi. Arek iku ngajak Pi’i nang Pak Wali. ”Awake dhewe kudu njaluk enggon. Mosok SDN Margorejo entuk ijol, awake dhewe gak?”
Arek loro ngadhep Pak Wali, Bambang DH. Mesthi ae Pak Wali bingung nontoki arek loro.
”Aku iki pengusaha. Pelangganku engkok bingung lek aku gak entuk ijol panggonan sing tepak. Paling gak entuk sangu,” jare Pendik. Pi’i mik ho’ah-ho’oh. Mergo bingung, Pak Wali ngongkon Cak Sur, asistene nemoni.
Pendik crita lek usahane iku kuliner impor sing kate diwaralaba. Bahan dhasare daging.
”Pi’i iki divisi soft drink, ice tea. Kulinerku iku lek ndhik Los Angeles jenene meat and sauce diublek alias di-mix. Aku njaluk ganti rugi lahan. Aku kate mbukak usahaku iki ndhik idheke sekolahane anake Presiden Obama.”
Pikire Cak Sur, iki mesthi pengusaha top lulusan luar negeri. Tapi mosok se sing digusur gawe dalan tambahan ndhik Jl A Yani onok usaha kuliner koyok ngono? Tapi cik urusan cepet mari, arek loro disangoni. Mene esuk, Cak Sur budhal nang SDN Margorejo. Jare Pendik, usaha kulinere bukak nang idheke sekolah iku.
Tolah-toleh ndoleki restoran meat and sauce di-mix kok gak ketok blas. Bareng onok arek sekolah kruyuk-kruyuk nang bakul penthol celup ngarep sekolah, Cak Sur lagek paham. Arek-arek iku njaluk diladeni dhisik. ”Cak Pendik, penthol Rp 1.000.” Arek liyane ngrubung bakul es teh plastikan.
Diwasno, Cak Sur eruh lek iku pengusaha kuliner sing wingi methuki Pak Wali. Pendik cengar-cengir. ”Yo iki meat and sauce diublek. Penthol celup. Ngincip ta, Cak? Lek kepedhesen, ngombe ice tea plastikan duweke Pi’i.”
4.Proyek Bandhulan
Selasa, 28 Juli 2009 | 08:02 WIB Cak Sur saiki dadi sales dolinan arek-arek. Omzete jutaan. “Gak onok wong tuwek sing nolak dolinan arek-arek, opo maneh lek areke kepingin,” jare Cak Sur pas briefing Pendik ambek Pi’i, sales anyar. “Lek perlu, arek cilik iku digawe nangis cik wong tuwane gelem gak gelem nukokna. Koen epok-epok gak eruh tapi ojok ngalih-ngalih sak gurunge dituku,” Cak Sur nambahi.
Pendik langsung praktek ndhik Royal Plaza. Pendik dodolan robot-robotan sing isok goyang gergaji. Pas onok arek cilik kate liwat, robot goyang gergaji iku disetel. Arek cilik iku langsung ndomblong, njaluk ditukokna. Ibuke gedheg. “Wah, iki… dhiluk engkas mesthi nangis,” batine Pendik. Tapi, arek iku kok gak nangis masi kepingin. Gawat, bakalan gak dituku.
Pendik golek cara cik nangis. Pas arek iku liwat ndhik ngarepe, Pendik sing ireng methekel langsung mentheleng. Areke girap-girap, nangis. Pas nangis, dipikir ibuke mesthi njaluk robot goyang gergaji. Ibuke langsung nukokna. Sip.
Pi’i gak gelem nyeseri dhuwik cilik. Arek iku nggawe proposal proyek dolinan bandhulan, perosotan, jungkat-jungkit ndhik panti-panti. Dilebokna nang Yayasan Asih sing duwe panti. Nyogok thithik nang yayasan, proposal disetujui. Pi’i langsung ngusungi bandhulan, perosotan, ambek jungkat-jungkit. “Bathine wis langsung ketok,” jare Pi’i ambek masang perosotan.
Tapi genep seminggu Cak Sur diprotes. “Anak buah sampeyan iku gendheng ta? Mosok masang bandhulan ndhik pantiku?” Ning Ya, pengurus panti, muring-muring.
Cak Sur nuduhna perjanjian ambek Yayasan Asih. Tapi Ning Ya tetep mbesengut. ”Masi koyok kasus P2SEM, ojok nemen-nemen ta. Mosok masang bandhulan gambar Dora ndhik pantiku, panti jompo.”
5.Milih Calon Wali Kota
Kamis, 30 Juli 2009 | 07:59 WIB Dhiluk maneh onok pilihan wali kota. Arek-arek wis mbingungi kate ndhukung sing endi. Cak Sur mik pringas-pringis. ”Aku ndhukung calon sing gati ambek rakyat. Calon iku kudu gelem ngrasakno sarane golek urip ndhik Suroboyo.”
Ning Ya setuju. ”Sing gati ambek wong wedok barang. Lek gak gati, dadine koyok saiki. Jembatan sabrangan ndhik ngarepe IP Jl Urip Sumoharjo, olehe mbangun gak ngreken wong wedok blas. Mosok jembatan digawe bolong pas pancatan sikil. Lha aku sing nggawe rok lak bingung se. Kate munggah jembatan, arek-arek lanang wis ndhangak kuabeh. Kudu tak uncali sepatu ae.”
Cik angele syarate dadi wali kota Suroboyo. Iyo se, wali kota lek gak gati ambek rakyate, kate njaluk didemo ta?
Pendik dikongkon nglumpukno calon-calon wali kota cik isok diadu ambek calon liyane. Sing wis nyalon top kuabeh. Onok bojone pejabat, onok pejabat tuwek sing ngeyel kepingin dadi, onok juragan kripik bekicot, sampek sing duwe pabrik mercon.
Tapi sing temen-temen isok gati ambek rakyat gak akeh. Untunge Pendik nemu calon sitok sing kate dadi saingane pejabat. Jenenge Pi’i. Arek sitok iku gati ambek wong sing kate liwat. Pi’i yo peduli lingkungan. Lek esuk ngubengi perumahan ngresiki sampah dibuwak nang TPA. Awan thithik nggawe sempritan, nyabrangno montor, nyabrangno ibu-ibu sing kate budhal nang pasar. Sore gak leren, langsung ngedegna tendha dadi pebisnis. Pi’i iku juragan sembarang wedang. Mulai wedang rondhe, kopi, teh, sampek susu. Njajali, kurang opo?