-

SELAMAT DAN SUKSES SAUDARA RUDY BESERTA CREW NYA ATAS REUNI ANGKATAN,90 02 OKT 2011

Translate

English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified
by : Bja-Wijaya

Sabtu, 27 November 2010

Suroboyo cak



1 - Salesman Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko nhik omahku.
Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung
nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.
Jarene ngene ''Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak isok nyedot,
tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku."
Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?".
"Lho opoko masalae ?'' salesmane takok.
"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ..."
2 – Rasa Stroberi tah . . .? Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.
Sing pertama maju anake pedagang bunga. Bu gurune ngambung kadone ambek
mbedhek,
"Isine kembang yo....".
"Seratus buat bu guru.." jare anake pedagang bunga.
Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang. Ambek bu gurune kadone
dikocok-kocok. Wah iki rodok angel mbedheke, pikire.
"Isine permen yo...".
"Pinter bu guru.." jare anake wong dhodhol mracang.
Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat, dhadhak
netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi.
"Es krime rasa anggur yo..." jare bu gurune kemeruh.
"Salah..." jare areke.
"Rasa stroberi tah...?" bu gurune kemeruh maneh.
"Salah .." jare areke.
"Wis aku nyerah, rasa opo sih iku" takok bu gurune.
"Isinya anak anjing kok bu guru..."
3 - Ngentutan
Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
"Opoko sampeyan ning ?'' Jare doktere.
Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan.
Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu
ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha iki pas aku longgo
ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut. Tapi sampeyan gak ngerti
tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak
enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".
"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbaliko rene
maneh" jare doktere.
Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
"Wis enakan tah ?" takok doktere.
"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki kok
ambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi untunge
entutku sik tetep gak muni", jare yuk Jah.
"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep iki
yo" jare doktere.
"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.
"Obat kopok.."
4 - Lobang
Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro Nasip ndhelok onok lobang
guedhe.
"Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki" jare Nasip.
Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau.
Sui gak onok suorone blas...
"Whuik jerune...," jare Sakri
"Watune kurang gedhe be'e, cobak kelopo" jare Nasip.
Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang.
Sepiii gak onok suorone....
"Whuik jerune...," jare Sakri
"Sik golek sing luwih gedhe maneh," jare Nasip.
Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel sepur.
Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu lobang.
Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone...
"Cik jerune lobang iki.." jare Sakri
Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk arek loro.
Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung lobang.
Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek loro
iku.
"He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak bacoke wonge !!!'',
takok Wak Dri.
"Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung lobang iku"
jare Nasip.
"Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang
ndhik betone rel sepur "
5 - Avtur
Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda bagian
pengisian BBM Pesawat.
Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani mudhun,
wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.
"Adem-adem ngene enake ngombe yo" jare Uwar.
"Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu tah lek avtur iku isok diombe ?" jare
Joko.
"Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak tah
?" Uwar mulai gunggungan.
Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur.
Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon.
Isuke pas Uwar tangi, rasane awake sueger kuat.
Moro-moro onok tilpun muni, tibake Joko sing nilpun.
"Yok opo kon War..?" jare Joko
"Wah whuenak, kon yok opo ?" jare Uwar.
"Awakku yo sueger pisan. Kon gak teler tah ?" jare Joko.
"Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak. Mene nyobak maneh tah ?" jare
Uwar.
"Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?" takok Joko.
"Dhurung.." jare Uwar.
"Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae sak
kuatmu. ." jare Joko.
"Lho opoko masalae ..?" Uwar bingung.
"Soale aku saiki ndhik Banjarmasin.."
6 - Argowilis
Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo
Bandung.
Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga ningrat lek
ndhelok pacakane.
Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar
20an.
Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo
tanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an.
Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketokane rocker.
Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem.
Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi petengan
pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.
Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong
dikaplok PLAK..!!!.
Wis mari ngono sepi maneh.
Sing ibu-ibu iku mau mbatin," Wah hebat arek wedhok sebelahku iki, isok
menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan".
Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan,"Gak salah tah, sing ngesun mau
iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun".
Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok melok
mbatin pisan,"Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek kaplok. Dikiro aku
pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung aku".
Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan,"Kapan maneh rek,
isok ngaplok kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun mau iku tanganku
dhewe".
7 – Mbah Jo Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge
sampek dipasangi selang.
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate thok
sing ketap-ketip.
Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.
Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak isok
ambekan, raine pucet, tangane gemeter.
Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.
Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek
megap-megap, mbah Jo nulis surat.
Karo siso-siso tenogone mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhine.
Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco
surat wasiat saiki, pikire pak Mudhin.
Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone.
Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio
sangar, mbah Jo iku wonge apikan.
Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e nganggo klambi batik
sing digawe pas mbah Jo mangkat.
Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku
rek, pikire pak Mudhin.
"Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak
sampekno nang peno kabeh. Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat
kanggo anak putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate".
Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..
HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!!
8 - Jin
Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit
asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue.
Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole
dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.
"Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti," jare
jine.
"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan
sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki
ambek jin" jare Kayat.
"Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin
apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir.
Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh,
wis tah gak rugi pokoke.
Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo" jare jine maneh.
"Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama, aku
kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kayat
"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe
Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.
"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jine.
"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange." jarene
Kayat.
"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro Kayat wis nang
njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.
"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing
temenan cik gak getun" jare jine.
Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk,"Aku kepingin kulitku malih
putih wudho dirubung wong wedhok akeh".
Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek
keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai
curiga.
Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis
dhadhi tahu. . .

Share free counters