Boy ambek Angga lungguh kathuken nang pinggir api unggun sing wis mati. Moro-moro krungu sworo tekok tenda lanang.
“Ealah, Sim… mau sore digolekno wedok nang mBatu, jarene emoh…tibake nggolek wedok dewe nang tendane arek wedok. Ha..ha..ha…”
“Cuk…iku swarane Soni, nyemoni awake dewe, Ngga!” Boy mecucu ae. Tapi Angga gak nyauri. Kit mau meneng ae.
Moro-moro onok sworo senior nyentak-nyentak, ”Ayo, metu! Kon iki mokong yo…Wani-wanine ngombe nang njero tenda. Metu!”
Senior iku ngamuk ambek nyengkeweng klambine Kosim ambek Soni. Arek-arek metu kabeh kaget.
“Kita gak mabuk kok Mas, Cuma minum dikit buat anget-angetan,” Kosim alasan.
“Iya, Mas…saya lho gak ikutan minum,” jare Soni.
“Cangkemmu lo mambu alkohol! Sik mungkir ae!”
Mas Bayu cumak gedheg-gedheg thok ndelok kelakuane arek-arek iki. Mendem nang njero tenda, cuk. “Kalian berdua bergabung sama yang dua itu. Kalian tidur disana sampe pagi!”
“Anak-anak jaman sekarang itu ya…,” Mbak Pat manas-manasi, “Mana minumannya, sini, biar saya saja yang simpan,” jarene.
“Cuk, asline sing mendem paling yo Mbak Pat karo arek-arek senior,” batine Boy, “Titenono koen yo, kejahatan harus dibalas dengan kejahatan yang lebih sempurna!”
“Opo’o Boy?” takok Angga.
“Gak…gak po-po…” jare Boy ambek ngrogoh sak celonone,”Oh…sik onok barange…”
Tambah bengi howone Coban Rondo tambah uadhem. Arek papat iku dempet-dempetan ngilangi adhem koyok wong keroken. Melase, cak…Koyok wong mbambung gak nduwe omah ae, turu keleleran nang lapangan.
Moro-moro onok arek wedok loro nekani kono.
“Lho, Prita, ngapain kamu?” takok Boy.
“Ssssstt…ini aku ama Anya bawain selimut buat kalian. Tapi cuman dua. Dibuat berempat ya…” jare Prita.
“Kalian nggak pake selimut?” takok Boy.
“Aku sama cewek-cewek lain nyampur jadi satu selimutnya. Udah, ya..., ayo semuanya…”
“Wenake rek…nyampur jadi satu karo cewek-cewek lain, melok po’o” jare Soni.
“Wis, cuk, ojok nyocot ae, iki lo, koen selimut siji ambek Kosim. Aku tak kelon karo Angga,” jare Boy.
“Cuk…gak sido kelon ambek cewek, tambah ngeloni wedhus iki…Ayo sayang, kene tak keloni,” jare Soni ambek ngrangkul Kosim. Kabeh ngguyu cekikikan, wedi krungu senior.
Isuk wis teko, srengengene wis mlethek.
“Ayo, tangi-tangi!” Boy digugah senior, “Lho, kok onok slimute? Oh, mokong arek-arek iki!”
Boy angop ambek mullet,”Wuuaahh…wis isuk rek, weteng luwe pisan.” Jarene.
“Ayo-ayo semua bangun! Persiapan untuk olahraga dan sarapan pagi!” Mas Bayu bengok-bengok liwat megaphone.
Soni, Kosim, ambek Angga mlebu nang tenda.
“Boy nang endi Son?” takok Angga.
“Emboh, ngising paling…”jawab Soni sak kecekele.
>Next<